Barangkali ada yang besok mau sungkem pengen pake bahasa Jawa Kromo Inggil tapi bingung.
Nih w kasih contoh.
Nih w kasih contoh.
1. Kulo ngaturaken sugeng riyadi lan nyuwun pangapunten dhumateng sedoyo kelepatanipun lan klenta klentinipun kulo.
2. Ngaturaken sembah pangabekti kawula. Sepinten kalepatan kulo, lampah kulo setindak, paben kulo sakecap ingkang mboten angsal lidining sarak, kulo nyuwun pangapunten mugi lineburo ing dinten riyoyo puniko.
3. Kulo ngaturaken sembah ngabekti dhateng panjenengan, ugi nyuwun pangapunten ing sadeleme manah dumateng sedaya agengipun kelepatanipun tindak tanduk ingkang katingal menapa mboten katingal. Mugi mugi Allah nglebur dosa kulo lan panjenengan ing dinten riyaya meniko.
4. Kulo sowan wonten ing ngarsanipun Bapak/Ibu. Sepisan, nyaos sembah pangabekti mugi katur ing ngersanipun Bapak/Ibu. Ongko kalih, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur kulo saklimah, tuwin lampah kulo satindak ingkah kulo jarang lan mboten ndadosaken sarjuning panggalih.
Mugi Bapak/Ibu kerso maringi agunging samudro pangaksami. Kulo suwun kaleburna ing dinten riyadi puniko lan ingkang putra nyuwun berkah soho pangestu.
5. Kulo mriki sowan dateng ngarsanipun bapak/ibu/mbah. Sepindah kulo tuwin lan silaturahmi kangge paseduluran sesami tiyang muslim. Kaping kalih kulo nyuwun pandonganipun bapak/ibu/mbah.
Lan ingkang kaping tigonipun kulo nyuwun pangapunten seagengipun samodra pangaksami dhateng sedaya klenta klentunipun lampah kulo tumindak lan anggene kulo matur ingkang kulo jarag nopo dene mboten dipunjareg.
Semanteniko kulo nyuwun mugi saged ndadosaken penggalihipun panjenengan lan manahnipun kulo tentrem. Lan ingkang ugo kito, mugi ibadah kulo lan panjengengan saged ketampi ing ngarsane gusti Allah SWT lan mugi Allah kersa maringi pangapunten dumateng sedaya kelepatan kito sedoyo.
Masih kurang ga nih? Apa ada yang mau nambahin sini Kula sumanggaaken

Anjay rame, keluarin jurus ga nih
Gaada yang mau mutualan apa? Siapa tau sama sama Jogja sama sama .....


6.Kepareng matur dumateng bapak ibu sak keluargo, bilih soan dalem sak rombongan/keluargo, sepindah silaturahmi,
kaping kalih ipun dalem ngaturaken sembah bektos dalem dumateng bapak ibu sak kluargo, bilih ing dinten riyaden punikodalem gadah kalepatan kang di sengaos lan mboten disengaos dumateng bapak ibu sak kluargo dalem nyuwun agunge pangaksani,
saklejengipun dalem nyuwun dongo dumaten bapak ibu mugi dalem diparingi tetep iman islamipun dumugi pati, lan pinaringan rizki kang berkah.
7.Nggih kepareng matur dhumateng simbah/bapak/ibu/mas/mbak/...
Ingkang sepindah ngaturaken agunging panuwun amargi sowan kawulo mriki sak kluargi sampun dipun tampi kanthi ikhlas lan raos bingah ing manah.
Ingkang sepindah ngaturaken agunging panuwun amargi sowan kawulo mriki sak kluargi sampun dipun tampi kanthi ikhlas lan raos bingah ing manah.
ingkang kaping kalih mbok bilih kawulo sak kluargi kathah lepat ing atur soho polah tingkah, subo sito ingkang kirang nuju prono ing penggalih, sak estu kawulo sak kluargi nyuwun agunging samudro pangaksami.
kaping tiganipun, gandheng wekdal sampun cekap anggenipun silaturohmi, kawulo sak kluargi nyuwun pamit nglajengaken lampah.
Damnn makin rame aja, ayok lah mutual 

masa gaada yang mau sih mutual sama gw




Lanjut lah, tadi banyak yang request gimana caranya buat pamitan setelah kita sungkem
Gaasskeun
Gaasskeun
1.Kepareng matur dumateng bpk/ibu/eyang , gandeng sampun sakwentawis anggen kula sowan silaturahmi..sakmeniko kula sakeluargo nyuwun pamit bade nglajengaken lampah.
2.Kepareng matur dumateng bapak xxx sekeluargo, gegandengan sowan kulo sampun cekap lan sampun pinanggih wilujeng, kulo badhe nyuwun pamit. Mbok bilih anggenipun kulo sowan, kathah solah bowo,
tindak tanduk ingkang mboten mranani wonten penggalihipun pak xxx sekeluargo, sak saestu kulo nyuwun agungin pangaksami. Cekap semanten atur kulo.
3. Kepareng matur bapak/ibu
Gegandhengan sampun pinanggih wilujeng, lan sampun cekap anggen Kulo silaturahim, Kulo badhe nyuwun pamit.
Lan Ing mbok milih anggen Kulo sowan wonten Trapsilo ingkang kirang nuju prono saestu Kulo nyuwun pangapunten
Gegandhengan sampun pinanggih wilujeng, lan sampun cekap anggen Kulo silaturahim, Kulo badhe nyuwun pamit.
Lan Ing mbok milih anggen Kulo sowan wonten Trapsilo ingkang kirang nuju prono saestu Kulo nyuwun pangapunten
Ayolah mutualan oi, ga kasian apa like sebanyak ini temen w cuma 400 am doang wkwkwk
